B. Daerah

Pertanyaan

Apa tegese dudu berase ditempurake

1 Jawaban

  • Apa tegese dudu beras ditempurake?

    Jawaban

    Pendahuluan

                Bahasa Jawa iku sugih marang jenis-jenising tetembungan. Contone Tembung-tembung ing basa jawa ana sing jenenge tembung bebasan, tembung parikan, tembung entar, tembung paribasan, tembung saloka, tembung saroja, tembung dwilingga, lsp.

    Pembahasan

                  Tembung Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan bermakna konotatif)

    Tuladhane :  

    • Aja buru menange dhewe, tegese aja dadi wong sing gelem menange dewe.
    • Aja dumeh, tegese aja mentang-mentang.
    • Aja gugu karepe dhewe, tegese aja polah sak seneng awake dewe.
    • Aja mbedakake marang sapadha-padha, tegese kurmati perbedaan, ampun mbeda-bedake sesama manungsa.
    • Alon-alon waton kelakon, tegese ora perlu kesusu sing tandang gawe.
    • Anak polah bapa kepradah, tegese Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
    • Angon mangsa, tegese ngerti wektu utawa ngerti wayah.
    • Bathok bolu isi madu (bolong telu), tegese wong asor nanging sugih kepinteran.
    • Becik ketitik ala ketara, tegese Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.
    • Criwis cawis, tegese seneng maido nanging yo seneng menehi.
    • Dudu berase ditempurake, tegese nyambung guneme liyan nanging ora gathuk
    • Durung pecus keselak besus, tegese durung nyambut gawe nanging duwe kepenginan werna-werna.
    • Kebo kabotan sungu, tegese wong sing nduwe anak akeh nanging rekasa anggone ngopeni.
    • Lahang koroban manis, tegese rupa bagus/ayu tur luhur budine
    • Pupur sadurunge benjut, tegese Ngati-ati sakdurunge cilaka.
    • Rindhik asu digitik, tegese banter/cekat-ceket amarga dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.
    • Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese Yen padha rukun mesti padha santosa, yen pada congkrah mesti bakal bubrah/rusak.
    • Sepi ing pamrih rame ing gawe, tegese nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
    • Sing sapa salah seleh, tegese sapa sing salah bakal konangan.
    • Tulung menthung, tegese katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
    • Tuna sathak bathi sanak, tegese rugi bandha nanging bathi pasuduluran.

    Kesimpulan            

    Tegese  dudu berase ditempurake yaiku nyambung guneme liyan nanging ora gathuk .

    Pelajari Lebih Lanjut :

    1. Bedane Paribasan, Bebasan, Saloka, waca ing brainly.co.id/tugas/1721758
    2. Tuladha Tembung Dwilingga, waca ing brainly.co.id/tugas/1035191
    3. Tembung Entar, waca ing brainly.co.id/tugas/12792924

    Detail Jawaban

    Kelas             : VIII

    Kategori         : Paribasan

    Kode              : -

    Kata Kunci     : Pengertian Paribasan, Tegese Paribasan, Contoh Paribasan, Tuladha.  

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya